Gamelan
Gamelan salah sijining seni musik tetabuhan tradhisional asal Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Isi gamelan iku piranti saprangkat alat musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti kapuloan Nusantara lan saiki malah wis kasebar warata nganti Amérika, Eropah lan tlatah liyané.
Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" maknané "tabuh".
Sajarah
Musik gamelan nduwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Ing jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun.
Jinis
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané.
Miturut larasé
Miturut tlatah sumebaré
Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.
Gong
Gong iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.
Wujud
Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Swara
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Fungsi
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Wujud
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
Kempul
Kempul iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Perangkat iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacaeh tergantung jenis pagelarane, dadi ora pasti.
Wujud
Bentuknya seperti gong yang lebih kecil,permukaannya rata dan ada beberapa bagian tengah yang menonjol,diameter umum kira-kira 45cm.
Swara
Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
Kendhang
Kendhang iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.
Wujude
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Jinis
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
Kendhang batangan utawa ciblon
Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Fungsi
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir/panutup swara suwukan.
Jinis swara lan cara nabuh
Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
Dhah: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
Tong: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.
Notasi
Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
Swara dlong diwakili simbol D
Swara dhah diwakili simbol b
Swara thung diwakili simbol p
Swara ket diwakili simbol k
Swara tong diwakili simbol o
Swara tak diwakili simbol t
Swara deng diwakili simbol B
Suling
Suling iku salah siji piranti musik sing disebul, fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pelog.
Wujud
Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter.
Swara
Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuensi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
Slenthem
Slenthem iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kanggo ngeto'ake gema swarane.
Wujud
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér.
Saron
Saron iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.
Ana 3 jinis saron yaiku:
Saron panerus (ing laras slendro: Peking)
Saron barung biasa disebut saron
Saron demung biasa disebut demung
Wujud
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.
Kethuk
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang.
Wujud
Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang
Demung
Saron demung utawa sok disebut demung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Wujud
Iki jinis saron paling gede ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.
Wilah
Wilah saron demung iki paling gede ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan lebar 9 Cm.
Swara
Demung nduwe swara paling rendah ing kelompok saron.