Kamis, 04 Maret 2010

karya ilmiah bahasa jawa "GAMELAN"

Gamelan



Gamelan salah sijining seni musik tetabuhan tradhisional asal Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Isi gamelan iku piranti saprangkat alat musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti kapuloan Nusantara lan saiki malah wis kasebar warata nganti Amérika, Eropah lan tlatah liyané.

Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" maknané "tabuh".

Sajarah

Musik gamelan nduwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Ing jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun.

Jinis

Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané.

Miturut larasé

  • Gamelan laras sléndro

  • Gamelan laras pélog

  • Gamelan laras prawa (Pasisir)

Miturut tlatah sumebaré

Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.

Gong


Gong iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.

Wujud

Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.

Swara

Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.

Fungsi

Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.

Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.

Kenong


Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.

Kempyang


Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.

Wujud

Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.

Kempul


Kempul iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Perangkat iki biasane digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacaeh tergantung jenis pagelarane, dadi ora pasti.

Wujud

Bentuknya seperti gong yang lebih kecil,permukaannya rata dan ada beberapa bagian tengah yang menonjol,diameter umum kira-kira 45cm.

Swara

Kempul ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.

Kendhang

Kendhang iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.

Wujude

Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.

Jinis

Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé ukurané)

Fungsi

Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir/panutup swara suwukan.

Jinis swara lan cara nabuh

Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:

  • Dlong: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.

  • Dhah: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.

  • Thung: swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.

  • Ket: swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.

  • Tong: swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.

  • Tak: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.

  • Deng: swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.

Notasi

Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:

  • Swara dlong diwakili simbol D

  • Swara dhah diwakili simbol b

  • Swara thung diwakili simbol p

  • Swara ket diwakili simbol k

  • Swara tong diwakili simbol o

  • Swara tak diwakili simbol t

  • Swara deng diwakili simbol B

Suling

Suling iku salah siji piranti musik sing disebul, fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pelog.

Wujud

Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter.

Swara

Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuensi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.

Slenthem


Slenthem iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/silinder kanggo ngeto'ake gema swarane.

Wujud

Wujud slenthem iki meh padha karo gendér.

Saron

Saron iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.

Ana 3 jinis saron yaiku:

Wujud

Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.

Kethuk

Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang.

Wujud

Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang

Demung

Saron demung utawa sok disebut demung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.

Wujud

Iki jinis saron paling gede ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.

Wilah

Wilah saron demung iki paling gede ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan lebar 9 Cm.

Swara

Demung nduwe swara paling rendah ing kelompok saron.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.

Cari Blog Ini

Search